RSS

KHUTBAH IDUL ADHA BAHASA JAWA

25 Nov

KHUTBAH IDUL ADHA
Keteladanan lan keteguhan Nabiyulloh Ibrohim AS

اللهُ اَكْبَرُ × 9 الله اَكْبَرُ كَبِيْرًا ، وَالْحَمْدُ ِللهِ كَثِيْرًا وَسُبْحَانَ اللهِ بُكْرَةً وَأَصِيْلاً ، لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَلاَ نَعْبُدُ إِلاَّ إِيَّاهُ مُخْلِصِيْنَ لَهُ الدِّيْنُ وَلَوْ كَرِهَ الْكَافِرُوْنَ ، لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ وَصَدَقَ وَعْدَهُ وَنَصَرَ عَبْدَهُ وَهَزَمَ الْأَحْزَابَ وَحْدَهُ ، لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَ اللهُ اَكْبَرُ ، اللهُ اَكْبَرُ وَ ِللهِ الْحَمْدُ
َالْحَمْدُ ِللهِ الذي إِيَّاهُ نَعْبُدُ وَلَهُ نُصَلِّي وَنَسْجُدُ وَإِلَيْهِ نَسْعَى وَنَحْفَدُ ، نَرْجُوْ رَحْمَتَهُ وَنَخْشَى عَذَابَهُ إِنَّ عَذَابَهُ الْجِدُّ بِالْكُفَّارِ مُلْحَقٌ ، أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ الله ُوَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ ، اللهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ وَالاَهُ
أَمَّا بَعْدُ : فَيَا أَ يُّهَا النَّاسُ اتَّقُوْا رَبَّكُمْ وَاخْشَوْا يَوْماً لاَ يَجْزِي وَالِدٌ عَنْ وَلَدِهِ وَلاَ مَوْلُوْدٌ هُوَ جَازٍ عَنْ وَالِدِهِ شَيْئاً ، إِنَّ وَعْدَ اللهِ حَقٌّ فَلاَ تَغُرَّنَّكُمُ الْحَيَاةُ الدُّنْيَا وَلاَ يَغُرَّنَّكُمْ بِاللهِ الْغرُوْرُ

Wonten enjing ingkang kebak berkah lan rohmat meniko, kito kempal keranten badhe jumenengaken sholat Idul Adha. Nembe mawon kito ruku; lan sujud minongko wujud raos taat kito dateng Alloh SWT. Kito agungaken asma Alloh, kito kumandangaken takbir lan tahmid wonten ing musholla-musholla lan masjid-masjid. Takbir ingkang kito ucapaken boten namung obahe lambe tanpo arti, ananing minongko pengakuan ing dalem manah ingkang saget gumeteraken dateng manahipun tiyang ingkang sami iman dateng Alloh SWT. Alloh Moho Besar, Alloh Moho Agung, boten wonten ingkang patut dipun sembah sak lintunipun Alloh.

Pramilo lewat mimbar meniko kawulo ngajak dateng diri kulo pribadi lan ugi dumateng hadirin sedoyo; monggo kito taat dateng ngarso dalem Alloh ingkang Moho Agung, kito bucal tebih-tebih raos gumedhe lan sombong ingkang saget nebihaken kito saking rohmatipun Alloh SWT.

Nopo mawon jabatan kito, menawi dipun bandingaken kaliyan Alloh SWT kito meniko alit tur sanget, senahoso kito meniko gagah prakoso, sak yektosipun kito meniko apes lan ringkih menawi dipun bandingaken kalian Alloh Kang moho kuat. Menawi kito meniko tiyang ingkang berkuasa, gadah jabatan inggil, gadah pengaruh ageng, ananging menawi dipun bandingaken dateng Alloh Ingkang Moho Kuwahos kito meniko boten saget menopo-nopo.

Hadirini jamaah ingkang dipun mulyaaken Allah

Idul Adha ingkang rayaaken saben tanggal sedoso Dzul Hijjah meniko ugi dipun kenal kanti sebutan Hari Raya Haji, sebab kaum muslimin ingkang nindaaken ibadah haji nembe nglampahi rukun haji iangkang utami, inggih menko wukuf wonteng Arofah. Sedoyo jamaah haji ngagem pakaian ihrom ingkang sarwo pethak lan boten jahitan, ingkang disebat pakaian ihrom. Meniko nglambangaken bilih kaum muslimin meniko sami akidahipun lan anggadhahi derajat ingkang sami, boten saget dibentenaken, sedoyo ngrumahosi sami derajatipun, sami-sami ngeparek dateng Alloh ingkang moho kuaos, kanthi sareng-sareng mahos talbiyah:

لَبَّيْكَ اللَّهُمَّ لَبَّيْكَ ، لَبَّيْكَ لاَ شَرِيْكَ لَكَ

Kejawi dipun wastani riyadin haji ugi disebat ”idul qurban” riyadin kurban. Keranten Idul adha meniko setungaling riyadin ingkang kangge mangertosi artos berkurban. Arti kurban inggih meniko kito paring peparingan minongko raos remen dan tresno dateng tiyang sanes sesami tiyang muslim, senahoso kito piyambak kedah sengsoro. Tiyang sanes wau saget putranipun piyambak, tiyang sepahipun, keluarginipun lan sedoyo tiyang Islam sebangsa setanah air. Wonten malih pengorbanan ingkang dipun tujuaken dateng agami ingkang ateges kagem Allah SWT, lan menikolah pengorbanan ingkang inggil derajatipun. Kados ingkang sampun dipun tuladhaaken dening Kanjeng Nabi Ibrahim as.

Hadirin kaum muslimin muslimat ingkang dipun mulyaaken Allah SWT

Enjing meniko sedoyo umat Islam sak ngalam donya sami ngagungaken asmanipun Allah, sedoyo sami ngetingalaken kebahagiaanipun, jaler, estri, sepuh enem sedoyo medal saking dalemipun saperlu badhe jumenengaken sholat Idul Adha, utawi Idul Qurban. Kawontenan meniko ngemutaken dateng kito sedoyo, bilih kito supados nulodho perjuanganipun Kanjeng Nabi Ibrahim alaihis salam ingkang sampun dipun serat wonten Al-Qur’an. Sejarah Rasul ingkang jejuluk kekasih Allah (Kholilulloh) meniko diserat ndamel tinta emas wonten buku-buku sejarah. Sikap tabah lan teguhipun ing dalem nglampahi perintah Allah, andadosaken Nabi Ibrohim dados panutan umat sepanjang zaman.

Dawuhipun Alloh wonten Al-Qur’an :
        
”Sak temene wis ono suri tauladan kang apik kanggo sliramu ing dalem pribadine Ibrohim lan wong-wong kang bareng-bareng melu Ibrohim (Q.S. Al-Mumtahanah: 04)
Wonten ini ayat lintu ugi dipun sebataken bilih Nabi Ibrohim meniko dados sebutan apik utowo dados kembang lambe nganti akhir zaman.
    

”Ingsun abadiaken kanggene Ibrohim (sebutan kang apik) ing kalangane wong-wong kang keri” (Q.S. Ash-Shoffat: 108)

Ing dalem kalih ayat meniko, cetho sanget bilih sak yektosipun Gusti Alloh sanget mulyaaken dateng Nabi Ibrohim, sahinggo Nabi Ibrohim lah ingkang dipun juluki bapake poro Nabi, ugi bapakipun ummatipun kanjeng Nabi Muhammad SAW.

Wonten nopo kok Gusti Alloh ngantos semanten agenge anggenipun mulyaaken kanjeng Nabi Ibrohim ? Nopo keranten bondo?, keturunan ? kekuatan? Utawi keperkasaan ?. Boten niku. Nabi Ibrohim dipun kenang ngantos akhir zaman keranten keteguhanipun nggondheli amanah Alloh lan keikhlasanipun ngorbanaken sedoyo nopo kemawon demi Alloh SWT.

Hadirin Rohimakululloh

Ing dalem sejarahipun, Kanjeng Nabi Ibrohim alaihis salam meniko piyantun ingkang sukses ing dalem nglampahi titahipun dados menungso. Sukses dakwahipun senahoso kawontenanipun nembe susah, sukses anjagi amanah naliko sampun badhe ngrahosaken hasilipun dakwah.

Nabi Ibrohim naliko dakwah manggihi rintangan lan cobaan ingkang amrat. Panjenenganipun ngadepi mengsah ingkat kiat, inggih meniko penguwaos ingkang dholim. Panjenenganipun kedah nglampahi hukuman ingkang boten enteng lan boten mungkin saget slamet menawi boten pikantuk izinipun Allah SWT.

Setia anjagi garwanipun ingkang nembe ngandut putranipun. Ngrencangi garwanipun ngantos dumugi daerah ingkang tebih sanget. Sedoyo meniko keranten naderek dhawuhipun gusti Alloh SWT, senahoso mekaten panjenenganipun Nabi Ibrahim taksih tetep dakwah ngajak ummat manusngso supados tetep wonten margi ingkang leres inkang dipun ridloni Alloh SWT.

Hadiri Rahimakumulloh..

Cobaan kados mekaten meniko dereng sepinten ageng menggahipun kanjeng Nabi Ibrohim. Sebab cobaan ingkang langkung amrat inggih meniko naliko nglampahi perintahipun Alloh kedah ngorbanaken putranipun ingkang paling dipun sayangi, inggih meniko Ismail. Ismail kedah dipun dadosaken korban kagem Alloh kanthi dipun sembelih. Kerelaan lan keikhlasan Nabi Ibrohim mbelih putranipun menikolah ingkang terus kito peringati ngantos sak mangke ing dalem wulan Idul Adha.

Hadirin, jamaah ingkang dipun rahmati Alloh….

Wonten ing zaman sak meniko, pengorbanan Nabi Ibrohom kasebat kedah tetep kito apresiasi aken, kito wujudaken, sahe ing dalem bentuk ubudiyah mahdoh kanthi nglampahi ibadah haji kagem ingkang sampun mampu, lan nyembelih hewan kurban kagem tiyang ingkang kagungan kecukupan bondo kagem kurban. Kejawi meniko kito ugi tetep kedah terus menerus menginterprestasikan kisah keteguhan, ketaatan lan ketabahan Nabi Ibrohim kasebat wonten pagesangan kito.

Ketabahan Nabi Ibrohim ngorbanaken putranipun saget kito wujudaken wonten kerelaan kito ambagi kasenengan kalian tetanggi, lingkungan lan sederek-sederek umat Islam lintunipun. Kados sederek kito ingkang nembe nglampahi ibadah haji ugi sami ngelaksanaaken nyembelih hewan kurban.

Kanthi keterangan meniko sampun cetho bilih sayari’atipun Alloh ingkan sampun kalampahaken awit zaman Nabi Ibrohim meniko anggadhahi manfaat ingkang kathah sanget kagem umat Islam. Manfaat segi ekonomi, sosial utawi kebudayaan. Tiyang Islang ingkang nglampahi ibadah haji wonten Makkah campur bawur kalian umat Islam sak dunyo malah campur kalian umat non muslim.

Kagem kito ingkang dereng dipun panggil Alloh nindakaken ibadah haji wonten tanah suci Makkah wonten tahun meniko, ugi gadhah tugas ndugeaken pesan pasedherekan lan persatuan, yakni kanthi mbagi kasenengan lan kebahagiaan dateng tiang-tiang ingkang kawontenanipun taksih gesang kanthi sarwo kekirangan, yakni kanthi mbagi dagingv kurban.Gusti Alloh ngendikan wonten ing Al-Qur’an :

yang artinya : (untuk teks al-Qur’annya tolong dibuka sendiri dari Al-Qur’an)

Daging-daging unta dan darahnya itu sekali-kali tidak dapat mencapai (keridhaan) Allah, tetapi ketakwaan dari kamulah yang dapat mencapainya. Demikianlah Allah Telah menundukkannya untuk kamu supaya kamu mengagungkan Allah terhadap hidayah-Nya kepada kamu. dan berilah kabar gembira kepada orang-orang yang berbuat baik. (Q.S. Al-Hajj : 37)

Pesen ingkang saget kito pahami saking ayat meniko inggih meniko, kito supados langkung aktif lan giat ugi tanggung jawab ndadosaken lingkungan kito dados lingkungan ingkang ngremenaken, lingkungan ketingal pasedherekanipun sarto gesang kanthi kasih sayang dateng sesami.

Kecintaan lan ketaatan meniko kalih perkawis ingkang boten saget dipun pisah. Imam Al-baidlowi ngendiko : “Cinta, inggih meniko kepinginan nglampahi taat”. Lajeng Syekh Az-Zujaj ugi ngendiko : Cinto manungso dateng Alloh lan rosulipun inggih meniko manut lan nderek dateng perintah-perintahipun Allah lan ridlo dateng sedoyo perintahipun Alloh lan ajaran ingkang dipun asto rosululloh.

Artosipun, kecintaan lan ketaatan dateng Alloh boten mungkin dipun wujudaken tanpo pengorbanan. Dados boten wonten cinta tanpo ketaatan, lan boten wonten taat tanpo pengorbanan.

Menikolah pesan agung ingkang saget kito pendhet saking kisah perintah nyembelih Islamil putranipun Ibrohim alaihis salam.

Pramilo, menawi kito ngakeni cinta Allah lan rosulipun serto nderek ajaran-ajaran Islam, temtu kito boten badhe nyia-nyiaaken kesempatan ing wulan Idul Adha meniko namun kangge seneng-seneng piyambakan. Sebab Alloh merintahaken dateng kito andum karunia lan kesyukuran wonten dinten riyadin meniko, kados ingkang sampun dipun contoaken deneng poro Nabi lan poro ulama.

Mugi-mugi wonten ing dinten riyadin ingkang agung meniko kito saget sareng-sareng menikmati karunia Alloh kanthi suka cita lan raos kasih sayang minongko wujud syukur kito dateng Alloh. Ugi poro tetanggi saget nderek ngraosaken kebahagiaan kito wonten margi ingkang dipun ridloni deneng Alloh SWT.

Mugi-mugi Alloh paring pangapunten dateng sedoyo dosa lan kesalahan kito ugi maringi sedoyo kasih sayangipun dateng kito sedoyo, sahinggo sedoyo hajat kito dipun cekapi deneng Alloh, supados kito saget ngabdi lan ngibadah dateng Alloh kanthi langkung sampurno. Amin allohumma amin.
اعوذ بالله من الشيطان الرجيم     
            
بَارَك اللهَ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ وَتَقَبَّلْ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمِ ، فَاسْتَغْفِرُوْا اللهَ الْعَظِيْمِ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمِ

 
22 Komentar

Ditulis oleh pada 25 November 2009 inci Kolom

 

22 responses to “KHUTBAH IDUL ADHA BAHASA JAWA

  1. Burhan Jazuli ahmad

    25 November 2009 at 22:39

    Ngapunten derek, kulo ngopi teks khutbah jenengan!mugi2 manfaat.amin

    RED. SILAHKAN…!!! amin… dipun koreksi rumiyin, menawi wonten kesalahan saget dipun leresaken riyin

     
  2. Saifullah.K

    21 Agustus 2010 at 10:31

    Assalamu’alaikum wr.wb.
    Alhamdulillah matur sewu suwun saged menangie Ghutbah coro Jawi.Maaf kulo ngopi Ghutbah panjenengan.Amergi kulo mbutuh aken Islam Jawi wonten negari Welandie ( Holland) katah sangget.
    Matur suwun lan ngatur aken,
    Wassalamu’alaikum wr.wb.

     
    • albaroni

      22 Agustus 2010 at 00:42

      Monggo dipun copy, tapi dipun koreksi rumiyen, mbok menawi wonten kesalahan.

       
  3. efendi

    21 Oktober 2010 at 19:32

    mohon khutbahnya agak di persingkat lagi ini terlalu panjang

     
  4. Drs.Misidal

    3 November 2010 at 21:45

    Ustaz kulo copy gih, mugi manfaati ten masyarakat, mugi Alloh paring pahala.

     
  5. imam

    4 November 2010 at 19:50

    askum….wr….wb…..
    kulo nyuwun izin kagem ngopy teks khutbah jenengan .
    jazakumulloh khoirun jaza
    mtur nuwun!!

     
  6. woto

    5 November 2010 at 11:36

    nyuwun ijin ngopi. jazzakumullohu khoiron katsiron

     
  7. Moh Zaenudin

    11 November 2010 at 11:34

    Nyuwun ijin ngopi. pak Modin butuh teks niki. Nuwun

     
  8. Yunus Mustofa

    14 November 2010 at 13:23

    Nuwun sewu , ijin nyonto/copy naskah khutbah boso Jawi, mugi barokah.

     
  9. kholel

    14 November 2010 at 18:37

    Nyuwun sewu.. ngapunten nderek ngopy teks.. matur suwun

     
  10. Dian

    16 November 2010 at 08:12

    Ikut Ngopi, maturnuwun…..

     
  11. yasdi

    16 November 2010 at 18:25

    Tak ketinggalan, saya mohon ijin juga ngopy naskahnya. semoga bermanfaat.

     
  12. busrodin

    9 Oktober 2011 at 21:58

    kyai minta bantuan unduh naskah khutbah ini njih.

     
  13. albaroni

    22 Oktober 2011 at 21:07

    SILAHKAN DIKOPI, TAPI SEBELUMNYA MOHON DIKOREKSI DULU, TERUTAMA TEKS AL-QUR’AN (ARAB)….
    Terima kasih, semoga manfaat

     
  14. maslichan

    28 Oktober 2011 at 22:26

    kulo izin

     
  15. maslichan

    28 Oktober 2011 at 22:27

    nyuwu izin

     
  16. oyek

    1 November 2011 at 11:18

    izin ngopy text boso jawinipun pak….!

     
  17. Ahmad Ngirfatul Wahid

    2 November 2011 at 12:05

    mhn ijin copy njeh

     
  18. Bitt Cloud

    4 November 2011 at 08:14

    nuwun 1000 kulo bade ngopi geeeeh maturnuwun sanget sakderenge

     
  19. purna irawan

    4 November 2011 at 21:32

    mohon ijin untuk ngopy khutbahnya.semoga bermanfaat.جزاكم اللهاحسنالجزاء

     
  20. muhtarom abdillah

    5 November 2011 at 20:12

    kulo nyuwun izin copy njeh

     
  21. Widodo

    6 Januari 2012 at 08:53

    Tadz kulo copi nggih

     

Tinggalkan komentar